Kamis, 28 Januari 2010

Insiden Tunggul Wulung


(bahasa Cilacapan)

Kojel adalah bujang ndesa sing gembeleng tur gemagus. Anake bakul tempe nang Pasar Saliwangi. Umure kira-kira selikur tahun. Agi anget-angete ngguli memeti ! Kaya ayam jago mluncat-mluncat ngoyok-oyok babon nang karangan! Rambute ireng kriting, matane mandan mlolor, irunge dawa tapi njebeber bolongane amba, lambene kandel nduwur, untune gupis tengah siji! Alise kandel nggedebel, ilate cendhek, awake nggempuwel benthek ireng thuwek, wis jan !! Persis kaya celengan jago sing ngedhangkrak nang pojok mburi lawang kamar. Cekelane HP Sonny Ericson embuh tipe apa! Ndina – ndina pegaweane nggoleti nomer HP cewe !! Ujar-ujare embooook, wong anu gagah pisan, mbok-mbok ulih cewe ayu, bahenol , semlohe lan nyenengake ati ! Wong genah lagi seneng-senenge cinta – cintaan!
Lha kae, dheweke lagi ngincer si Tiwen anake juragan brambang. Bocahe ayu pancen. Rambute dawa bagai model iklan shampoo. Awake dhuwur, singset , tangane dhawa, ( ning udu doyan nyolong !), Angger mlaku liwat ngarep umahe Kojel, jaaaan..kaya ya-yaha ! Cinta Laura sih apa? Lewaaaaattt !! Uhuuuii..jan, setiap mata lelaki yang memandang, jelas mesthi ngiler. Mulane, Kojel be diplalaih gelem nggendhong rinjing maring pasar, ngrewangi mamake, men supayane ketemu si Jelita angger esuk-esuk. (Kan dheweke juga ngrewangi biyunge dodol nang pasar).
Singkat cerita, Kojel ulih nomer HP-ne Tiwen. Wis jaaann..jan ! Saben wengi siki guli SMS-an ! tilpun-tilpunan…hhuuuu ora ngerti wayah! Ha ha hi hi…ngguyu jegigisan, cengar-cengir dhewek nganti njungkel-njungkel nang kasur. Seneng banget critane!
“Bener nih ? Sungguh ?” suarane bagai pujangga sing lagi merayu wanita idaman hati. Nganggo bahasa endonesia sekali-kali. Men keton gaul dan modern.mbok!
Wis pirang-pirang dina kiye Kojel kenal perek karo Tiwen. Bagai Romeo dan Juliet, ternyata wong loro kuwe mathuk, thuk! Jan pada bae kasmaran koh! Gumun, wong ayu kaya kae koh kena nang rayuan gombale Kojul sing mambu pesing ! Hiii!
Benel-benel layuan maut ! Nek temenan kena, wis,wis,wis bubar pasare: Saliwangi !
Geh, dina kiye wong loro janji ketemuan nang Tunggul Wulung, sebelah dalan mlebu mandan adoh karo pos jaga. Nganggo kaos warna ireng plisir putih, trus kathok andalan : jin biru mandan sesek tur bodol ning disenengi dinggo bae. Magan anu kathok ora nana sletinge. Ning wong genah kathok andalan ya, ora peduli! Saben kencan karo cewek ya, sing dinggo kathok kuwe! Gumun koh ! Wis, gayane persis Rionaldo Stochort, ujar-ujare!
Deleng kaeh, Kojel wis ketar-ketir, mbolak – mbalik wedi pacare ora teka. Ujare, ngomonge karo mamake wis nduwe pacar.Magan kiye ketemuan sing pertama. Dasar bocah elek! Mesthi koh, angger wong elek bowek, dianugerahi rasa percaya diri gedhe! Jan, gumun,gumun! Mbuh kepriwe koh!
Ora let suwe, teka seorang cewek, ayu ! Awake seksi, semlohe dan ngileri, nganggo kaos singlet abang, kathok jin biru, numpak pit mini. Dandanane menor- lambene abang mbranang kaya tes mangan iwak mentah! Hiii…. Siki cewe kuwe mandeg. Pite disendhekna nang wit klapa gading trus mlaku mereki Kojel.
“Hai, !” Kojel menyapa cewek kuwe.
Cewe kuwe meneng bae, ning senyum-senyum. Gawe Kojel tambah gregetan.
Kojel grogi wektu kuwe cewek tambah perek njejeri Kojel sing agi njagong nang suketan. Batinne Kojel, apa kiye sing jenenge Tiwen, deneng ora kaya sing cok ketemu nang pasar? Malik dadi semlohe!
Siki tambah yakin nek kuwe dudu Tiwen, soale nang kupinge kuwe cewe sing sebelah kiwe, ana njendol-njendole daging, seupil, mbuh daging apa!
Kojel Mandan mundur, mingser-mingser.”Anu, nyun sewu Mbak, kulo anu, agi janjian kali rencang! “ Mandan nlithik. Wong ngguli njagong jan, mepet awake Kojel,koh. Eh, ora dinyana babar blas, kuwe cewe tangane temumpang nang pupune Kojel! Busyet !
“Hisss!!! Aja kaya kuwe lhah !!Mbak !! Nyong cowok baik-baik, koh !! Minggirlah !”
Dhuuuwweeeer !!! Merasa tersinggung, cewek kuwe terus njiwit pupune Kojel seru banget. Mak jiwel !!!
“Addaaooooowwww!!” Kojel njerit kelaran. Karo nyengir-nyengir, Kojel ndelengna cewek kuwe sewot-sewot, kesuh. Ning aneh, ngguli kesuh mung a-a u-u, bah bih buh….
“Uwah! Bah bah !! Auw ohong hohoh!! Hohoh !! Owe, hohoh!! Hiai ehak huwoo ha-a..u ! ho-hoh!huh!”
Adulaaaaah…. Melasi temen kuwee. Kojel ya, arep kesuh dadi ora sida.Wong weruh asline cewe kuwe! Jebule anu ora teyeng ngomong alias bisu.Jan, ya malah melas,mbok! Akhire, Kojel ngrogoh sak, ngetokna dhuit trus diwekna maring cewe kuwe.
“Nyah! Sepuluh ewu, nggo kowe, tapi lunga ! Lunga nganah ! Nek ora, tek undangna pulisi,kowe!!” Kojel nggentak sekepenake dhewek. Padhahal ya anu karo keweden, mbok disikep malah….apes! apes ! kan ?
Akhire cewe bisu kuwe lunga, ngacir ngepit ngetepet maring Jeruklegi ndeyan.
Huuuh…Mandan ambekan! Lemes ketemu wong stress. Wis dandan mlipis malah nggo bocah stress, ya sori mawon! Kaya kuwe batine Kojel.
Eh, kae, ora let suwe cewe idaman teka. Bener, kae si Tiwen anake bakul brambang.
“Kenang apa koh, Jel? Deneng ngos-ngosan kaya kuwe?” Tiwen gumun weruh Kojel napase naik – turun ora nggenah.
“Ora, anu…kiye..ng..ng…hehe…bingung weruh wong ayu..he hehe..”
Tiwen dadi tersipu. Kuwe rayuan maute Kojel mulai mambu pesing. Jurus andalane “Pesing Nglangring” alias suara berbisik dilontarna. Hayuh, wong loro mlaku-mlaku nang seputar taman rumput Tunggul Wulung.Kuwe, nggolet nggon sing ‘aman’ .Kan? Hmm…wong loro…padha ngadeg dempet.Huwiiih..asyik temen yah?
Ana rong jam ndeyan ngomong ngalor – ngidul ora nggenah.Wong loro kuwe keton akrab pisan! Nggulih crita ya mulai crita sing ‘kaya kae’, ‘ awan biru’, ‘film biru’ ‘pelangi tujuh warna’ ‘kamasutra’ Jupe’belah duren’, ‘indehooy’, wiiiiss..jan! Saking asyike critaan, suwe-suwe Kojel wani, kuwe tangane dheweke ngremed tangane Tiwen! Wuiiih….mak gleseeer…atine. Teles kabehane! Tiwen mung mesem-mesem kesenengen. Hmmm…mesraaaa…. Asyiiikkk….syuuuuuurr,
Wuaadu! Tak ada yang tahu! Kojel sambil celingukan, mbok ana wong liya, mepet-mepet, dempet banget maring awake Tiwen. Siki tangane Kojel wis melingkar di pinggange Tiwen sing ramping. Awake Tiwen dipepet meng tembok pos penjagaan sing ora nana penjagane. Suasana sepi, jan, mendukung pisan! Siki wong loro wis adep-adepan. Mata ketemu mata. Hmm..makin dekat! Hmmm hmm…cungur ketemu cungur. Ya men-men-ha! Cungur bolongane amba-ha wong bisa nggo urip! Boros udara! Hhhhaaah! Siki ngonoh !! Its time……….!!!!!!!!
Ujar-ujare arep lambe-ketemu lambe. Ndarani arep cucuk-cucukan embok! Kuwe!! Begitu Tiwen menekan, nenet awake Kojel mak, “hekh!!!” ,Kojel malah njerit seporet-porete.
“Adaaaaaaaaaaoooooooowww!!!huhaaa hah..haahhh .aduuuuuh..aduuuhh..!!”
Tiwen bingung !! Matane melotot ndelengna Kojel melung-melung karo nyekeli weteng ngisore, kayong kelaran.
“Kenang apa,kowe kenang apa,hah?!”
Kojel ora teyeng njawab, dheweke mung njerit-njerit, lara. “Adulah, adulah,adulah..lara,kiye lara,…aduh,aduh,aduh,aduh….”
Tiwen ora nulungi malah kesuh. Dheweke mungkin tersinggung, wong anu arep diambung malah njerit-njerit. “Hoh, kaya kuwe kowe,yah !! Bocah lanang ora kanggo nggawe! Ora ngerti indehoy ! Wis ngerti penyakiten kaya kuwe arep macem-macem karo enyong ! hah ?! Kowe nduwe penyakit apa? Ndadak nyekeli ‘kuwe’, durung be nyenggol, wis njerit-njerit. Meneng!! Mbok ndarani tek kapak-kapakna nang nyong ! Ngko ketempuhan !!”
“Aduhlah,aduhlah,aduhlah,aduhlah….!!! lara kiye..laraa…heeeh..aduuuh..aduuuuh”
“Kon meneng, koh !! Arep tek tampong sandhal, apa?!”
“Aja,aja,aja,aja…haduuuuh….lara kiyee..!”
“Hoh, pancen! Ngeneh tek bukakke!!”
“Aja,aja,aja,aja,aja!!” Kojel njengking-njengking karo nyekeli weteng ngisore.
“Lha kon kepriweee??”
Kojel ngereng-ngereng ‘ngisore’ lara. Sementara Tiwen gemes,kesel, jengkel,bingung arep kepriwe. Apa maning arep dideleng ora ulih.
“Bodowa,ngonoh!! Engko angger nggedheni, bengkak, trus ora bisa nguyuh!”
“Iiiissh….aja..aja…!! aja meden-medeni,kowe !”
“Lah ! Paling ya, kaya kuwe! Dadi wong lanang angger ora teyeng “kaya kae” ya percuma! ora kanggo gawe! Sepiti bae maning !”
“Aja kaya kuwe kowe Wen! Melas, kowe karo aku…melaaass….”
“Lha kon kepriwe maning!”
“Aduh,aduh,aduh…huh huh huh ! Kiye ngeneh nyong njaluk tulung”
Tiwen mlerok, matane sejengkol weruh Kojel ngecungna kathoke sing agi dinggo.
“Uwis cepet ngeneh!” Kojel njaluk nggesruk maring nggon sing ora diweruhi wong, nang slempedan antara wit klapa karo tembok dhuwur sing mengelilingi karangan.
“Arep ngapa seeh ?” Tiwen curiga. Mbok arep ngapa – apa, sing dikepenginna mangsude! Mandan isin-isin Tiwen mereki Kojel karo nyekeli kathoke Kojel sing wis mandan longgar, gara-gara dicekeli bae ket mau nang Kojel.
Kojel njagong ,nglemprok karo menggeh-menggeh. Tiwen ndhodhok nang ngarepe karo melototi kathoke Kojel. Wis ngiler kae.
“Kiye tulung dibukakna! Cepetan, nyong wis ora kuwat ! Addduuuh..adduuh”
Kojel ngglethak! Kayong lemes banget, arep semaput ndeyan.
Akhire alon – alon Tiwen mbukak kathoke Kojel. Lah, wis ndut-nduten ndeyan. Ning mbasa agi nyekel nggon bagian resleting, dheweke njenggirat, mak nyeng!
“Walaaah!! Aparane kiye!” Tiwen kaget, mbasa weruh wetenge Kojel gupak getih. “Kowe nang apa, Jel!”
Tiwen dengan seksama mriksa kathoke Kojel. Jebul ngguli nganggo kathok ora nggenah! Resletinge kuwe wis rusak, dadi nang Kojel dikancing nganggo peniti. Ngguli meniti diwalik liwat njero. Jebulane penitine kuwe mbukak alias ora nyanthel. Mbasa ketenet Tiwen mau kae, penitine nancep maring wetenge Kojel. Pantesan bae Kojel njerit-njerit, lha wong weteng, ketunyuk peniti!
“Owalah Jel, Jel ! Angger anggon-anggon mbok sing bener! Kathok bodhol dinggo bae! Buwang blumbang bae ngapa!”
Tiwen alon-alon narik peniti sekang daging wetenge Kojel.
“Adaaooww!”
“Kiye deleng !!” Tiwen nunjukna peniti sing tes temancep nang wetenge Kojel, ana setengah senti ndeyan jerone. Getih tah ora akeh, ning ya rasane panas nut-nutan mesthi!
“Jel, wong super wagu ya kowe! Wong gagah-gagah nganggo kathok pating njithet. Kiye kathok njabane be dijithet kaya kiye, lha kathok njerone kaya ngapa? Sowek obol-obol ya dijithet juga? Hah? Njijihi banget lhuh! Cuih! Wislah !! Nyong bebeh! Bebeh berhubungan karo kowe maning! Nyong wedi, mbok nggonku ketunyuk peniti kaya kowe kuwe! Angger ketunyuk sing ‘kaya kae’ sih malah seneng, lha, anggere malah ketunyuk dom, apa malah ora inveksi engko!Hiiii..wis! Bebeh-lah!! Nyong wedi! Wis, cukup semene bae !”
Tiwen lunga, mlayu, bali !
“Wen…Tiweeen…jangan tinggalkan akkhhuuu..hk hk..ooh…” Kojel ngglethak dhewekan nang suketan. Terkapar ditinggal Tiwen. Nangis, mewek-mewek.Raine mangar - mangar.
“Kiye gara-gara peniti ! Peniti !! hk hk..huhuhuhuhuuuuu…hk hk hk huhuhu…mamakeee….aduhlaaah…heheheehheeeehh…Wis wetenge lara, atine lara…huhuhuuuu…laa..hhuulaa…hk hk hk….kiye gara-gara peniti! Dasar , peniti kurang ajaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaar!”

Tidak ada komentar: